Sing Batalke poso iku opo ?




Biasane nek bar sahur bar solat subuh akeh bocah-bocah sing do jalan-jalan, istilah kerene Jogging. Podo olahraga ben sehat lan kuat posone sedino mengko. Ing sawijining dino ono, Paijo mbi Bejo jsing anjian arep jalan-jalan bareng nang kulon omah. Mangkat isuk-isuk pajar jero Paijo mbi Bejo mangkat, gowo sepatu olahraga + sapu tangan nggo ngelap kringete jare.
Bejo : Wah jo, ternyata akeh banget yo sing jalan-jalan nek isuk ngene. Lagi reti aku.

Paijo : Hehehe, mulane kue tak jak ben roh gebyare donyo. Koe iku biasane nek bar sahur langsung turu ae nganti bedug lagi tangi. Mboh solat subuh mboh ora.
Bejo : ngenyek koe jo, aku solat jamaah terus nang mesjid terus. Lha ra reti piye sing adzan dek esok sopo ?
Paijo : Lha sopo ? koe po ? ra percoyo, dapurmo atek iso adzan.
Bejo : hahaha, yo tukang adzan biasane lah. Hahaha

Nang dalan bejo mbi Paijo ketemu Bejo ketemu Sri kembang deso sing ayune pwol-pwole sing lagi mlaku-mlaku podo wae mbi Siti anake pak yai sing solihah.

Bejo : Assalamu alaikum, mbak-mbak cantik ???
Siti & Sri : Wa alaikum salam.
Bejo : Wah kebetulan yo mbak iso bareng mbi sampean-sampean, barengan yo mbak ?
Paijo : Jo, bejo. Nek roh wong ayu sitik kok mripatmu langsung ijo.
Siti : ooo silahkan mas, ben ono barengane. Ben ora ono sing ganggu nang dalan.

Sri : he’em jo, biasane do ono sing
godani nek mlaku-mlaku ngene.
Bejo : Oke, aku siap melindungi dan menjagamu setiap waktu
Paijo : Alah preeeeet, rayuanem jo ra nguati.

Sambi mlaku-mlaku Bejo, Paijo, Sri lan Siti do ngobrol-ngobrol akeh bahas opo ae sing iso dibahas.

Paijo : Siti, aku diwarahi tentang poso ah, koe dak anake pak Yai ah.
Siti : Warai opo to jo ?
Paijo : Siti, sing batalke poso kui opo ae to Sit ?
Siti : Oooo kui, Poso kui nahan diri soko lubang songo awake dewe awet fajar nganti magrib. Iku istilah sederhanane. Dadi nek nganti ora iso nahan lubang songo iku yo batal posone.
Paijo : Ooo ngono yo sit, dalan pitu kui opo ae ?
Sri : Ahhh mosok ra reti koe jo, takon bejo kae mesti paham
Bejo : Jo paijo, lha bolonganem kui sing mbok dueni opo ae.
Sri : Jo, ki tak bantu nerangke. Bolongan songo kui : 1. Mulutmu iku, 2. Bolongan kuping loro, 3. Bolongan irung loro, 4. Bolongan mripat loro, mmmm… wes pitu to jo. Sing liyane ben bejo sing ngomongke.
Paijo : Teruske ah mbak, hehehe
Bejo : Yo bolonganmu sing ngisor loro kui jo.
Siti : Contohe, nek lubang mulut yo ra ntuk mangan mbi ngumbe, nek sing lubang ngisor kui yo ora oleh setubuh mbi bojone.
Paijo : Hahahaha, ternyata aku baru tahu.

Sambi ngobrolke ngonokui, tiba-tba ono sing marani cah papat kui. Yoiku Paijan.

Paijan : Wah lagi bahas opo kui mang, ketoke kok seru.
Paijo : Alah jan, ganggu ae koe ki. Lagi takok-takok mbi siti ki lho tentang poso. Siti, lha sing ngrusak poso kui opo ae yo ?
Siti : Wah yo akeh jo, koyo ngrasani wong, tukaran, tawuran koyo penggeanem iku barang, maen judi. lah poko’e sing maksiat-maksiat iku yo ngrusak poso Jo.
Paijan : Eh ono neh jo, akeh hal-hal sing ngusak ibadah poso.
Paijo : Ahhh sok tahu koe iku jan. opo emange ?
Paijan : Turu lah yo ngrusak poso jo.
Sri : Heeeh lha mulo iyo ah jan, mosok turu ngrusak poso (Penasaran)
Paijan : Iyo ahh, turu iku ngrusak poso. Nek turune nang duwure bojone opo meneh nang duwure sing ora muhrime. Hahaha
Bejo : Gundulmu kui jan, (Mbi ngeplak sirahe Paijan)
Sri : hehehe iyo ono neh lho jo, sing ngrusak poso.
Paijo : Opo neh sri ?
Sri : Pujian jo.
Paijan : Lah opo iyo sri, koyo aliran sing kae lah kok ora oleh pujian.
Sri : Pujian sing ngrusak poso kui, nek pujiane do nang Las Vegas. Koyo penggeane Bejo mbi Paijan kui.
Paijan : hemmmm malah bukak kartune wong leh
Bejo : hehehe, bukak kartuku koe leh Sri. Isin dadi aku mbi Siti. Eh nek ngono ngobrol yo ngrusak poso ah Sri.
Sri : Ah, yo ra mungkin jo.
Bejo : iyo ah, koyo kue iku. Ngobrole malah pacaran mbi pacarmu kae nang pojokan.
Sri : halah, ora yo jo. Sing pacaran sopo to.
Paijan : Iyo koe iku amen digoncak gonceke yangmu ngalor ngidul ngunuku arep dijak ngendi, ketemuan-ketemuan terus penggeane. Titeni nek yangmu macem-macem, tak brengkolang urip-uripan yo pora jo jan. Hehehe
Sri : Ojo kasar ngono to jan, sing alus ah. Jo seneng maen kekerasan terus, nek dihukum koe ngko senengane kok tukaran terus. Wingi koe, paijo mbi paijan yo bar dicekel polisi barang ngono kok bar ngepruki cah lor ndeso kae.
Siti : iyoo ki, mas-mase ki ah, ojo seneng maen kasar ah. Wong wedok kui seneng wong lanang sing kaleman ora kasaran ngonukui. Tukaran iku yo ra nunjuke nek wonge perkasa ngono.
Bejo : Yo okelah, aku tak berubah demi koe Sit. Hehehe
Paijo : Hem yo, koe iku ancen pinter ngrayu jo. Iyo aku lagi ileng dawuhe pak Yai bapake Siti, nek ngumbe bar buko iku lah yo iku bahaya lho cah.
Siti : Eh mosok bapak ngomong ngono jo.
Paijo : Iyo sit, bahayane pwol. Nek bar buko ngumbene merk vodka, ciu, arak, dan kawan-kawannya. Iku yo podoae, bejo kae penggeane. Bar buko malah do umbenan, pwol-pwole malah pas takbiran. Malah do pesta miras.
Siti : wah nek iku ancen doso gede juga, ibadahmu 40 dino 40 wengi dihapus malaikat ntek resik. Dak go heman ah cah, olehem poso ora mangan ora ngumbe, teraweh jentat jentit angger wengi barang. Dadine yo percuma. Koe iku jo terutama.
Bejo : wah ntek-ntek, kartuku mbok bukak kabeh leh.
Siti : hehehe mulane tobat to jo mbi mas Paijan iki, paijo barang, ben dadi cah apek. Lha mengko masa depane desamu  pye nek pemudane do seneng tukaran, do seneng umbe-umbenan. Nek nduwe duwet malah dingo foya-foya, dinggo yang-yangan dinggo karaoke terus-terusan. Masjide nek bengi mek cah sitek sing do gelem darus, nek dijak nonton dangdut do langsung jrantal ae. Lha kapan desamu majune, Sri barang iki ojo kakean pacaran. Batek kedadian sing ora-ora, wingi bar kae ono sing digrebek nang deso kulon kae do neko-neko soale. Mulane ojo gelem dirayu-rayu terus-terusan mbi pacarmu kae.
Bejo : Yo doake lah sit, ben aku mbi konco-konco iso do maleh apek. Nek ra didoake mbi didukung yo podoae ah. Bapakmu sing kyai ae jarang nasehati aku, neh pak ane sri kae pak RT yo blas ra gelem aroh-aroh. Nek ra ono sing gelem ngandani mbi nglorohi yo umat terus. Hehehe opo maneh nek wes kambon banyu vodka, dadi ra ileng opo ae. Dadi nge-Fly… hahaha
Sri : hehehe, aku sungkan yo jo. mengko nek loroh-loroh malah dikirone sok apek, sok alim, sok keminter, diarani sok-sok an pokoe.

Siti : wes-wes, ra kroso wes awan ki. Ayoo do balek, kapan-kapan diteruske neh ngobrol-ngobrole. Nek pemudane gelem ngobrol sing apek-apek ngene terus yo dadi apek desane.

Bejo : Oke sampai jumpa mbak-mbak cantik, miss you so much. Aku padamu pokoe.
Paijo : (plakkk, ngeplak sirahe bejo) cah kok amen ngrayunan terus.
*Tokoh dalam cerita ini hanya fiktif belaka, jika ada kesamaan tokoh dan karakter semoga tetap bermanfaat. — bersama Adhi

0 Response to "Sing Batalke poso iku opo ?"

BERLANGGANAN GRATIS VIA EMAIL

Dapatkan Artikel Terbaru Dari Blog Mas Agus JP Melalui Email Anda.